“Aku njaluk donga pengestumu, muga gangsar KKN-ku. Takjaluk tetepa setya njaga katresnan iki! Prasetyaku, nadyan ragaku adoh saka paran, nanging jiwaku tetep sumandhing marang sliramu.” Ucape Riki ing sasi kepungkur kang isih tumanem jroning rasa lan pikirane Tina.
Ora nyana pamitan kuwi mau sabanjure prasasat kaya ngenteni udan ing mangsa ketiga. Tangeh lamun bisa kasembadan nerusake anggone ngrajut tresna. Nganti seprene kaya isih durung lila lan percaya nampa kanyatane lelakon. Tresnane Tina marang Riki wus kebacut gedhe, kaya isih kepingin ngoyak kanyatane lelakon.
“Apa isih kurang nggonmu nglarani atimu? Yen takpikir sing nambahi lara jrone atimu ya kowe dhewe, kok,Tin. Bocah ra nduwe kapok. Ngelingana kedadeyan wingi uni, nalika dina ambal warsamu, dheweke malah tegel nglarani atimu. Dheweke wus cetha wela-wela nyidrani janji. Kamangka kowe wis ngarep-arep dina kuwi dadi dina sing kebak kabagyan kanggo awakmu.” Celathune Indri marang kanca rakete, Tina.
Indri pancen kala mangsa nganti gemes marang Tina. Senadyan Tina wis dilarani, nanging dheweke tetep aweh kabecikan marang sapa wae sing wis tumindak ala marang dheweke.
“Niyatku mung kepingin nyaur utang rasa, kok, Ndri. Prayata, lelakon kabeh iki yekti wis daktampa kanthi lila. Kekarepanku ngucapake balik ing ulang taune Mas Riki aja kok penggak. Senadyan kuwi mengko wis cetha tansaya nambahi larane atiku.” Terange Tina.
Indri sajak pasrah marang Tina, dheweke kaya wis kesel anggone ngelingake kanca rakete kuwi. Nanging, sejatine Indri isih nduweni rasa kuwatir kanthi banget marang Tina. Mula senadyan ta kaya piye Indri tetep ngawat-awati Tina saka mburi.
Panase srengenge awan kuwi mimbuhi panase ati. Tina isih katon kegawa lara senadyan lathine wis muni lila. Segere es teh sakanthong plastik kaya ora tumama ngedhem panase rasa. Yen sinawang kaya nganti ketaman guna, ngangsa-angsa tetangisan nganti lali papan. Indri nganti kuwatir yen kanca rakete kuwi edan gara-gara katresnan. Pangrengkuhe Indri marang Tina nyata banget tulus saka jrone ati. Dheweke uga melu kapilara yen nyawang kanca rakete nandhang kahanan kang kaya mangkono. “Aja terus-terusan kaya mangkene, ya, Tin. Kowe kudu sadhar lan legawa nampa kanyatan. Wis makaping-kaping olehku ngelingake. Yen kowe kaya ngeneki terus, rasane atiku melu keranta-ranta. Aku ora mentala nyawang kowe yen terus-terusan kaya ngene iki.” Jlrentrehe Indri sinambi ngrangkul Tina sing lagi nangis sesenggukan.
Tangise Tina nganti ngundang kanca liyane sing awan kuwi lagi padha ana kantin kampus. Banjur padha nakonake apa jalarane Tina nganti kaya mangkono. Indri anggone menehi wangsulan mung kandha menawa Tina ora apa-apa, mung lagi judheg mikir tugas kuliyah. Indri banjur meksa ngajak Tina bali menyang kos. Pamrihe supaya ora thukul omongan werna-werna.
Nalika tekan parkiran kampus, Tina anggone nyawang parkiran kono nganti ora kedhep. Adhedhasar pandelenge kang kaya mangkono, dheweke crita marang Indri yen parkiran kampus kono kuwi dadi seksi bisu nalika dheweke dipamiti wong lanang kang banget ditresnani, Mas Riki minangka gandholaning ati. Dheweke pamit KKN kandha menawa bakal suwe ora bisa ketemu. Bisane mung lumantar sesambungan WhatsApp. Sing paling dadi pangeling-eling, dheweke kandha njaluk supaya tetep setya njaga katresnan iki, nadyan ragane ana adoh papan nanging jiwane tetep sesandhingan. Jebul pesen kuwi dadi pungkasan uga wiwitane nandhang lelaran. Ucap kang katon manis nanging sabanjure kebak tangis. Tina banget anggone ngugemi nanging Riki tegel blenjani janji.
“Wis ayo bali wae! Tiwas nambahi lara. Mengko jam setengah telu isih ana kuliyah. Ayo bali kos dhisik! Dimen ayem atimu, banjur mangan, karo leren dhisik.” Pangajake Indri karo age-age supaya Tina ora keladuk marang rasa sedhihe.
Watara jam setengah telu nalika arep bali kampus HP-ne Tina sajak ana sing nelpun bola-bali. Swarane HP kang muni bola-bali kasebut ndadekake Indri penasaran lan sabanjure ngongkon Tina ngangkat telpune.
“Mbok ya ndang diangkat, ta, Tin. Wong wiwit mau ana sing nelpun ngono kok. Beke kuwi penting. Kok moh ngangkat jane sapa, ta, sing nelpun? Aja-aja kuwi Mas Riki, ya? Kowe lak wis takkandhani bola – bali supaya mbuwang nomere, yen perlu diblokir!” Indri kang sajak sujana lan kuwatir marang Tina.
“Halah wis gampang ngko ae penting ndang budhal, selak telat! Wangsulane Tina.
Sabubare kuliyah ing wektu sore iku, Indri isih penasaran, jan-jane sapa kang terus-terusan nelpun Tina. Dheweke ngira menawa kuwi Mas Riki. Ora suwe anggone Indri mbatin kaya mangkono, HP-ne Tina muni maneh. Indri meksa Tina supaya ngangkat. Tina banjur manut marang pentahe kanca rakete kuwi. Jebule, sing nelpun kuwi Ibune Mas Riki.
Sawise ngrembug pekara kabar, Ibune Mas Riki kandha. “Ndhuk cah ayu, Tina. Ibu matur nuwun banget sampeyan wis ngucapake lan ndongakke Masmu ing dina ambal warsane. Muga donga kuwi mau uga bisa mbalik nang sampeyan dhewe. Muga sampeyan tansah pinaringan gangsar anggone kuliyahe, kasembadan apa wae kang dikarepake. Sing paling wigati, Ibu njaluk sepura sing sakakeh-akehe, ya, Ndhuk. Pekara Masmu, Ibu ngerti kepiye sedhih lan larane atimu. Upama ta Ibu wenang milih, cetha sampeyan sing bakal takpilih minangka calon mantune Ibu. Ananging Ibu ora bisa ngupayakake bab kuwi, Ndhuk cah ayu. Pancen iki wis dadi garise pesthi menawa lelakon iki nyata bakal kelakon. Dongane Ibu muga sampeyan oleh jodho sing bisa nresnani sampeyan sawutuhe uga selawase. Aja keladuk marang lelakon iki. Ananging Ibu meling marang sampeyan. Aja medhot paseduluran iki, ya, Ndhuk Tina. Wis ngono wae pesene Ibu. Assalamualaikum.” Atur lan pesen saka Ibune Mas Riki marang Tina.
Sarampunge rembugan lumantar telpun kuwi mau, Tina mung nglamun. Indri minangka kanca rakete banjur ngrangkul Tina. “Bener apa kang diomongake Ibuke Mas Riki kuwi mau. Kowe kudu bisa metu saka panandhang iki, Tin. Wiwit saiki bukaken pikiran lan panyawangmu. Isih akeh wong lanang ing jagad iki sing bisa nresnani awakmu kanthi satemene lan apa anane.” Kandhane Indri.
“Bab kuwi aku wis legawa, kok, Ndri. Pancen bener omongmu lan ature Ibu. Nanging isih ana bab sing ndadeake aku ora nyangka. Akeh sing kandha jarene KKN kuwi bisa nuwuhake rasa tresna tumrape mahasiswa. Jebul pancen nyata. Nanging kena ngapa kudu aku sing kena mala. Sajrone KKN kono, Mas Riki mbukak lembaring crita anyar. Nggurit lakon tresna marang bocah wadon kang sulistyeng warna. Semono uga aku sing dina iki mbukak lembaring crita kanthi irah-irahan KKN. Kuliyah Kerja Nyelingkuh.” Ujare Tina karo ngatonake eseme.
Pedhut sumillak cahya nyunari pikiran lan atine Tina. Senadyan ora sanalika bisa ngilangake rasa, nanging sithik mbaka sithik Tina wus nganggep kuwi mung sewates lelakon kawuri. Indri uga mawanti-wanti supaya aja nganti nemahi lelakon kang kaya mangkene maneh. (Cuthel).
Crita diripta dening Sanjaya S. Kusuma
Jare tresna jalaran saka kulina Min, snadyan mung patang wulan ora jangkep.
Wadohhhh, iki kuliyah kerja nyelingkuh ta Min?.