top of page
Writer's pictureHMP-PBSJ Unesa

Semrawut

Hawa panas kang tansah sumebyar ing awan kuwi ora suwe repet-repet dadi mendung. Banyu langit wes muntup-muntup arep nyebloki Desa Makmur. Warga ing desa kuwi padha mlayu ngentasi pemean lan gabah kang digelar ing ratan gage-gage dirayuk. Ing swasana kang semrawut kuwi ana bocah wadon kang nduweni paras ayu lan pawakan kang endah lagi lungguh ana teras karo ngingeti tumetese banyu langit. Bocah wadon kuwi jenenge Wawa.

Ing sore kuwi, Wawa lagi meneng lan batin ngenani nasib kaluwargane. Kang mas-e sing jenenge Mas Waluyo mati amarga kecelakaan. Bapake, Pak Sabri, ya lagi wae di PHK. Wawa kandha marang awake dhewe yen menawa nggolek pakaryan iku ora gampang. Wis sepuluh perusahaan kang dileboni lamaran pakaryan nanging durung ana sing nampa. Biyen kahanan kaluwargane kepenak nalika Mas Waluyo isih urip amarga kabutuhan sandhang pangan kaluwargane dicukupi dening Mas Waluyo. Kayata wis tiba keceblokan andha, sawise kelangan mas Waluyo, bapake ya di-PHK.

"Wa, kowe lagi nyapo ning kana? Ndang mlebu omah, gluduk banter udan angin iki lo! Kowe apa ya wis adus? Iki wis sore, prawan ora oleh adus wengi-wengi," kumecape ibune kang lagi wae metu saka ruwang tamu tumuju teras.

Rumangsa ora kagagas, ibune menyat saka kursi ninggalake teras banjur menjero omah. " Glerrr...." Ana kilat mak lap. Wawa kaget banjur gage-gage ninggalake teras banjur mlebu omah. Wawa marani ibune sing lagi nglempiti sandhangan.

"Bu, uripe kaluwarga kita kepenak jaman biyen ya? Jaman nalika isih ana Mas Waluyo, sandhang pangan kacukupan, urip uga krasa mulya lan kepenak," kumecape Wawa sinambi melu nglempiti sandhangan.

"Piye maneh, Ndhuk. Mas Waluyo ya wis ora ana, saiki bapakmu ya lagi wae di-PHK. Ngene iki ibu ya bingung kepriye carane bisa urip mulya. Adhimu ya arep melbu SMP kang mbutuhake biaya," semaure ibune sajak nelangsa.

"Apa lamarane Mas Bayu, anake juragan lombok, sawulan kepungkur kae tak tampa wae buk? Supaya bisa nyukupi kabutuhan kaluwarga."

"Ibuk ora meksa nduk, kuwi kabeh ana ing tanganmu amarga sing nglakoni ya awakmu. Mula kowe kudu mantep yen nggawe kaputusan."

Wawa ora isa mangsuli, sajrone batin Wawa mbenerake ucape ibune. Yen kaputusan babagan rabi kudu dipikirake tenanan amarga rabi mung sapisan lan bakal urip bareng nganti tekane pati.

Sedina nganti sesasi kaluwargane Wawa isih bisa mangan senajan mung sega jangan. Nanging sawise rong sasi kaluwargane ngrasa kekurangan. Pak Sabri, bapake Wawa, wis ora bisa nyukupi kaluwarga.

"Assalamu'alaikum, Pak Sabri," panyapane Pak Rokhim sinambi nyedhaki Pak Sabri sing lagi thenger-thenger ing teras.

"Wa’alaikumsalam, Pak, mangga pinarak. Kagungan kersa menapa, Pak Rokhim?"

"Mekaten, Pak Sabri. Usaha mebel kula lagi mbutuhake tukang, amargi tukang kang biyasane mbiyantu kula gerah. Niki wonten pesenan kathah sanget, menawa Pak Sabri saged nggantosi tukang kula."

"Alhamdulillah.. Saged pak. Kula saged!" Semaure pak Sabri sajak bungah.

"Alhamdulillah, nanging ngapunten, Pak. Mangke yen tukang kula sampun sehat, Pak Sabri nggih dilereni anggene nyambut gawe mekaten, pak."

"Nggih, Pak, kula manut kemawon."

Dina kuwi Pak Sabri seneng banget, tekane Pak Rokhim kayata kesamber bledheg. Mak pyar... ngagetake ati. Masiya pakaryan kuwi mung sewetara, Pak Sabri bersyukur banget bisa nguripi kaluwargane maneh. Ana seminggu anggene Pak Sabri makarya, Pak Sabri krungu kabar saka Pak Rokhim yen tukange wis waras lan bisa makarya maneh. Krungu kabar kuwi, Pak Sabri thenger-thenger ana ruwang tamu .

"Ana apa, Pak, kok sajake kaya wong susah ngono?" Pitakone bojone Pak Sabri.

"Aku leren makarya melu Pak Rokhim, Buk, tukange wis waras."

"Ya wis pak rapapa, ndunga marang Gusti Allah supaya bisa oleh pakaryan maneh. Supaya saben dinane rejeki kaluwarga kita tansah mbanyu mili," sumaure bojone tansah nguwatake Pak Sabri.


Kanthi ora sengaja, Wawa krungu pacelathone bapak lan ibune. Telung dina telung wengi wiwit krungu pacelathon kasebut Wawa angel turu. Dheweke mikirake kepriye carane ngolehake dhuwit kanggo kaluwargane. Wengi kuwi nalika arep mapan turu, Wawa nduweni pikiran arep buka warung ing ngarep omah.

"Buk, Pak. Kepriye yen aku buka warung bakul wedang lan gorengan ing ngarep omah? Mengko modale utang bank. Dhuwite asil dodolan bisa gawe nyaur utang bank lan nyambung uripe kaluwarga."

"Ya wis nek ngono. Bakulan ing ngarep omah gelar klasa lan diwenehi meja cilik-cilik ngono wae ta nduk? Kayu turahan ing guri omah tak dandanane supaya bisa di gawe meja," semaure Pak Sabri.

"Iya ngono wae, Ndhuk. Mengko ibu ya ngrewangi ngedhep bakulan," sambunge ibu.

Seminggu sawise oleh restu saka ibu lan bapake, Wawa buka warung cilik-cilikan. Warunge rame nadyan mung bakul wedang lan gorengan. Wawa bocah wadon kang nduweni paras ayu, pawakan kang endah lan grapyak nyebabake wong seneng marung. Nom-noman lanang ing Desa Makmur yen wayah wengi padha cangkrukan ing warunge Wawa. Kanthi usaha warung kuwi, ekonomi kaluwargane Wawa dadi kacukupan. Utang bank wis disaur, Wawa uga ora sida nampa lamarane Mas Bayu, anake juragan lombok. Wawa tansah lega amarga sejatine Wawa ora seneng karo Mas Bayu. (Cuthel)



Crita diripta dening Tyas Nur Wigati

26 views0 comments

Recent Posts

See All

Commentaires


bottom of page