Esuk-esuk hawane adhem ndadekake rasa males tansaya nemen. Kemul dakpancal, guling dakrangkul. Tangan nggrayahi HP kang ana ing ngisor bantalku. Mumpung lagi tanggal abang, kuliyahku libur, aku arep ngedhem uteg sing seminggu nutuk mikirna tugas. Senajan tugas durung mari, naskah isih durung rampung, ning awak ya butuh refreshing ben ora stres.
Jaman saiki kang aran jaman now, sapa ta wong enom kang ora ngerti instagram. Mesthi wae akeh cah nom-noman kang wis duweni akun instagram dhewe-dhewe kanggo ndudohake yen dheweke ora norak lan katrok. Ya kaya aku iki, senajan duwit pas-pasan, ning ya kudu dadi kids jaman now.
Fotoku sing dakjupuk nalika dolan ing pantai Gemah, arep dakupload ing instagram pribadiku sing pengikute ora sepira. Najan mung saka kamera HP kang tipe lawas, nanging ora kalah yen dibandhingake karo kamera HP sing gambare apel krowak.
“Din, ayo sarapan kene lo wis tak gawekake sega pecel iki lo.” Swarane Sinta kanca sak kost-kostanku.
“Wegah Sin, aku anak jaman now, pangananku roti, ndak level aku mangan sega pecel! Ora-ora Sin, guyon aku hehe…”
“Tuman ta Dina ki !”
“Iki lo Sin, aku sik arep upload foto ning instagram. Nekmu moto jan sip tenan Sin.”
“Lho… lho…fotografer handal nda kene ki rumangsamu.”
“Iya, sak karepmu wae, Sin Sin.”
Pancen bener omonge Sinta, anggone moto katon apik kaya nggawe kamera SLR ngono kae. Bubar upload foto, aku krasa luwe, cacing-cacing ing wetengku wis padha demo. Aku age-age golek piring lan imbuh sega pecel sing dimasakne Sinta. Nalika sarapan ora lali HP kesayanganku dakgawa. Lagi wae entuk limang sendhok, ndilalah ana pawongan sing komen ing fotoku. Tibake kakak tingkat sakjurusanku, Mas Candra.
Haduhhh…aku seneng banget bisa komunikasi maneh karo dheweke sing sing wis telung tahun ora kontak-kontakan. Aku lan dheweke wiwit pacaran nalika aku isih SMA kelas siji lan Mas Candra kelas telu. Pacaranku karo dheweke mung setahun, jalaran ibuke ora ngolehi yen dheweke pacaran. Ora let suwe dheweke lulus lan nerusakake pendidikan ing Jurusan Jawa amarga dheweke dhalang. Dhek mbiyen nalika putus, rasa senengku isih ana. Nanging arep kepriye maneh, wong tuwa ora ngolehi lan dheweke kudu mujudkake cita-citane dadi dhalang sing kondhang kaloka.
“Hey Dina, kepriye kabare ?” komene kang ana ing uploadan fotoku. Age-age nggenku mbalesi kanti ati bungah. “Alhamdulillah sae Mas, Mase kadospundi ?” wiwit saka komenan iku aku Lan Mas Candra asring chat-chatan ning Direct Massage sing ana ing Instagram, uga ijol-ijolan nomer WA. Saben dina ora ngerti awan wengi, wektuku dakentekna kanggo chat-chatan karo Mas Candra supaya rasa kangen amarga ora chat-chatan telung taun suwene bisa dakobati. Senajan jarang ketemu lan sering LDR-an nanging wis marem atiku.
Rasa tresna sing kependhem, saiki thukul maneh. Ana sesasi anggonku chat-chatan karo Mas Candra, au lan dheweke wiwit mbangun komitmen kanggo njaga ati alias miwiti pacaran maneh sing mbiyen tau kandhas jalaran ora direstui wong tuwa lan Mas Candra kudu nerusake pendhidhikane. Pacaranku karo Mas Candra bisa kelebu pacaran kang serius, senajan aku karo dheweke jarang ketemu amarga beda angkatan lan Mas Candra uga KKN ing luwar kota. Akeh priya liya sing nyedheki ora dakgubris, yen dheweke ngandharake tresna marang aku, langsung wae daktolak kanthi tegas lan mantep.
Ora ana sing isa ngalahne rasa tresnane Mas Candra, dheweke katon tresna banget marang aku, ora mung awujud tetembungan nanging Mas Candra uga asring menehi aku kembang, coklat, uga barang-barang kanggo keperluwan kuliyah. Najan aku ora tau njaluk, nanging dumadakan ana paketan teka ing ngarep kost.
Kurang luwih enem sasi aku lan Mas Candra balikan lan pacaran maneh, dheweke ngajak ketemuwan nalika dheweke mulih saka luwar kota anggene KKN. Ngerti yen bakal dijak ketemuwan aku age-age macak sing ayu lan ora lali nyemprotake parfum ben wangi. Akhire bisa ketemu najan mung sedina metu sesuk Mas Candra wis mbalik menyang luwar kota maneh. Nanging wis bisa ngobati rasa kangenku.
Senajan Mas Candra apik karo aku, nanging kok isih ngganjel yen dheweke ngajak serius marang aku. Sapa ta sing ora kepincut marang wong lanang nggantheng, gedhe duwur, putih, irunge mbangir, alim, lan tresna marang budaya jawa. Nanging aku ngrasakna yen ana sing pingin dheweke omongna nanging ora sida. Aku meneng wae amarga aku wegah nggawe Mas Candra ora nyaman, yen dheweke urung pingin cerita aku ora bakal meksa.
“Nangapa ta Dinaku cantikku kok sajak susah wae ? Wong ya wis ketemu karo Mas Candra tercinta.” Pitakone Sinta.
“Ora ngerti Sin, aku kok ngrasa kaya ana sing arep diomongke Mas Candra marang aku ya Sin.”
“Emange apa lo sing arep diomongna Mas Candra, Din ? Wong mbendina ya chatan ngono lo. Apa perkara ibune Mas Candra ?”
“Dudu mestine Sin, wingi aku sempat telpon ibuke kok. Ibuke saiki wis maringi restu Alhamdulillah.”
“Alhamdulillah Dinn, melu seneng aku. Halah wis ndak usah dipikir Din, paling pangrasamu ae tok kui”
“Hooh Sin.”
Wengi iki aku lagi gabut, aku nyoba ngeponi instagrame Mas Candra. Saiba kagetku, nalika Mas Candra mosting twibon yen dheweke keterima beasiswa ing luar negri. Apa iki sing arep diomongke Mas Candra wingi.
Aku langsung telpon Mas Candra lan nakokke apa bener dheweke oleh beasiswa ing luar negri, tenan ae tibake bener, dheweke oleh beasiswa ing luar negri. Dheweke kandha yen dhek wingi sakjane arep ngomong marang aku babagan dheweke oleh beasiswa, ananging ora sida amarga dheweke weruh yen aku krungu berita kuwi aku bakal nangis lan dheweke ora tega yen weruh aku nangis. Ora let suwe tenan, aku nangis nganti Sinta sing ning pawon mlayu marani aku ning kamar.
“Lho..lho Din, nyapo kok nangis kii ?” pitakone Sinta karo lingguh ning sandhingku.
“Mas..Mas..hiks hiks hiks”
“Pie-pie mas sapa ? Mas Candra apa mas sapa ?”
“Mas Candra arep nerusne kuliah ning luar negri, dheweke oleh beasiswa..hiks hiks”
“HEEE ??!!” saurane Sinta sing kaget dikandhani Dina yen Mas Candra oleh beasiswa ning luar negri.
“Aduh.. budheg kupingku Sin Sin”
“Sepurane aku kaget Din. Terus awakmu karo Mas Candra pie saiki ?”
“Ya kepeksa LDR-an maneh Sin.”
Dina iki aku ngeterake Mas Candra ing bandara amarga dheweke arep budhal menyang Belanda kanggo nerusake pendhidhikan. Sakdurunge budhal aku ngrangkul Mas Candra karo nangis. Mas Candra mbales rangkulanku kanti rapet.
“Mas, aja lali mben dina telpon aku ya, aja lali ngabari lho pokoke hiks.. hiks ..hiks..”
“Wis wis, aja nangis Din, awake dhewe nalika LDR tapi kudu njaga komitmen. Aja nganti kepincut wong liya lho ya Din he he” welinge Mas Candra karo ngelus sirahku.
“Ya mesthi Mas, aku janji bakal njaga ati kok, sampean barang lho ya.”
“Iya Din, tenang wae.”
“Entenana aku ning Belanda Mas, mbesuk bakal tak tututi ning Belanda.”
“Tak titeni omonganmu Din. Wis saiki sing penting sinau sin pinter dhisik ben isa oleh beasiswa ning Belanda ben isa nututi aku.”
“Siyapp !!”
Wis telung taun anggene Mas Candra kuliyah ning Walanda, aku ning kene sregep sinau supaya bisa nututi Mas Candra ning Walanda. Dina iki aku pengumuman sapa wae sing oleh beasiswa ning luar negri. Aku ndredheg banget, kepriye yen aku ora lolos lan aku ora bisa nututi Mas Candra ning Walanda. Mbayangne wae wis marai senam jantung.
Aku wis siap-siap mbuak laptop, Sinta sing melu ndredheg lingguh ning sandhingku.
“Siji, loro, teluu…” aku mbukak pengumuman karo merem.
“DIN DINAA…. AWAKMU LOLOSS !!!!” Sinta sing weruh yen aku lolos langsung histeris karo jingrak-jingkak.
Dina iki aku budhal menyang Belanda,Aku sengaja ora ngabari Mas Candra yen aku oleh beasiswa, supaya kaget dheweke. Sinta katon sedhih banget arep tak tinggal menyang Walanda. Aku ya sedhih, tapi piye maneh yen ana kesempatan apik kudu dimanfaatke.
“Din, aja lali karo aku lo ya, aja lali telpon aku yen wis teka kana”
“SIYAPP.”
Satekane ing Negara Walanda, aku langsung mara ning Universitas Leiden, panggonku lan Mas Candra nimba ilmu.Mas Candra kaget banget weruh aku isa nyusul dheweke ning Walanda. Akhire aku lan Mas Candra isa bareng bareng maneh sawise LDR-an telung taun suwene.
*Crita diripta dening Vira Lovenia Inoki*
Comments